Farel Prayoga – KUNCUNG | Cilikanku Rambutku Dicukur Kuncung (Official Music Video ANEKA SAFARI) Lyrics
Cilikanku rambutku, dicukur kuncung
Katokku, soko karung gandum
Klambiku, warisane mbah kakung
Sarapanku sambel korek, sego jagung
Kosokan watu ning kali nyemplung ning kedhung
Jaman ndisik durung usum sabun
Andhukku mung cukup, andhuk sarung
Dolananku montor cilik soko lempung
Pis holopis kuntul baris
Rekasane saiki wis
Pis holopis kuntul baris
Gegere gek mbok ndang uwis
Tanggal limolas padhang njingglang mbulane bunder
Aku dikudang sok yen gedhe dadi dokter
Tanggal limolas padhang njingglang mbulane bunder
Bareng wis gedhe aku disuntik bu dokter
Honocoroko dotosowolo
Iki cerito jaman semono
Podojoyonyo mogobotongo
Iki cerito soko wong tuo
Lyrics, Letras, Paroles, Deutsche, Letras, Testi,Тексты, Texty, Norske, Текстови, Versuri, Persian, Liricí, Lirik, Nederlandse, Tagalog